Rabu, 02 Mei 2012

nunggu (bukan judul yang tepat sebenernya)


Ya mung nembe dina iki, saklawase aku dadi dokter, dikon dening pasienku dhewe kapan anggonku nyuntik dhewekke.

“ Dokter, ini betulan saya harus disuntik?”

Aku manthuk tandha yen ukarane pasienku bener. Dhewekke kudu diwenehi sawijining obat lewat suntikan, sing ora mung sepisan, kepara malah kudu rutin, apa maneh esih wektu wiwitan mangkene, kudu ana sedina sepisan anggonku nyuntikake obat. Merga awakke kudu dibiasakke karo obat sing rada ora akeh dipilih mergane mesthi nduweni efek samping.
Suntikan iki mesthi dadi pilihan terakhir menawa sawenehing cara ora bisa digunakake maneh utawa penyakite wis kadhung ndadra.

“Iya, dua minggu yang lalu kan sudah saya terangin” ujarku karo ngematke praupane sing kaya tanpa getih. Pucet.

“Kalau kamu memang mau sembuh, sebulaaaan aja, pasti udah nunjukkin tanda-tanda yang baik, tapi sebaliknya, kamu ternyata Cuma butuh seminggu untuk memperburuk ini. Suntikan ini enggak perlu harusnya. “

Aku nerangke, kaya sing wus dakterangke sewulan kepungkur. Praupane saya pucet. Dhewekke ndhingkluk karo nyekeli sirahe, mbokmenawa lara maneh.

“ Dok, saya takut jarum suntik”

Ngono ujare karo namatke aku, kaya-kaya suntikan sing arep dakanggo bakal nglarani awakke. Aku meneng wae, bocah iki pancen wus bola-bali ngandhakake yen dhewekke wedi jarum suntik, lan kepiye carane kareben dhewekke ora kena suntikan. Aku ya ngakoni, mesthi larane, merga sawenehing perawat rada kangelan nggoleki pembuluh darah papan kanggo nyuntikake infus, tau digolet tekan sikil barang mergane sing ana ing tangan wis padha pecah lan dadi abuhe. Malah tau milih bali tanpa nerusake infuse padahal ora ana dokter sing setuju yen dhewekke medhot opname. Tapi bocah sing esih rada kaya anakku dhewe kuwi ora duwe pilihan liya. Kejaba yen dhewekke nudhuhake kepenginane arep mari. Nanging saya suwe, kondhisi fisik e malah saya tumurun, saranku sakjane dhewekke kudu ngurangi stress.

Tapi kaya dina iki, arep suntik wae kakehan alesan, kepara malah suntik ngenteni barang kang diglethakke ana sandhing boneka coklate muni, hapene.

nungguin apa?” iki pertanyaan kang ora prelu sakjane, aku iya wis rada paham, dhewekke pengin dikancani, saka seminggu wingi alesane kuwi terus, tapi sapa wae mesthi dadi nggumun yen ngancani kuwi dudu barang kang larang kang angel digoleki.

Iki tibakke urusan perasaan banget. Aku ngerteni banget karepe, wusanane menawa ngancani wae ora bisa dhewekke pengin entuk alesan kanggo nerusake pengobatan.

telepon “ ujare lemes.

“ kenapa enggak kamu telepon aja?”

Dhewekke gedheg, tandha yen wegah.

nek saya, dapat ucapan selamat ulang tahun tanpa ngasih tahu saya sedang ulang taun kan seneng”

“emang kita hidup didunia paranormal, cenayang, yang ngerti batin orang lain?”

Dhewekke pindhah ana kasur, lan mandeng jendhela sedhelat banjur diterusake dolanan boneka coklate. MasyaAllah, mripate kembeng banyu. Saksuwene iki, dudu larane iki sing bisa mbedhol bendhungan ana mripate, nanging saiki wis pecah, ambyah tekan ngendi-endi, tekan atiku barang sing dadi tuwuh welase.

telepon aja” suaraku barang melu gemeteran.

Dhewekke gedheg maneh nanging karo luh sing wis ngebaki pipine, gedheg sing ngatonake larane panandang. “ nggak bisa “ ujare ora cetha kecampur swara tangis semenggruk. Aku ora arep takon kenapa ora bisa, yen dudu dhewekke sing karep mratelakake, aku sing kadhung weruh artine nggak bisa ne mau. Iya ngemu teges, kuciwa saking cidrane pangarep-arep. Mbokmenawa cidrane janji. Mbokmenawa... yen iki sing ngerti ya gendhuk siji iki.

Boleh besok nggak?”

Mau ditunda lagi? “ aku ngunjal ambegan landhung. Tapi mripate kebak pengarep-arep. Aku nggumun tenan, nduwe pring pengarep-arep cacahe sepira bocah iki, bola-bali tugel nanging esih arep wae ngenteni.

“Nunggu apa lagi” aku luwih ora tega namatke dhewekke anggone nahan sirahe sing larane sansaya parah. Nrenyuhake. Tapi bocah kuwi mesthi duwe pilihan liya kang nggumuni.

boleh ya?”, jawabanku jan-jane ora, tapi kapan maneh keturutan sing dadi pepenginane, mung kuwi sing tak aboti. Mung istilahe, nuruti kepenginane ing antarane kepenginan sing durung bisa digayuh, ora ana salahe.

Aku manthuk. Dhewekke katon rada bungah. Ngepasi kuwi aku ya nyuwun marang Gusti supaya dhewekke ndang entuk telpon.

#

Sorene aku entuk kabar saka ibune, yen dhewekke wis ora ngenteni telepon, istilahe standar kepenginane diudhunake yaiku namung pesan kang singkat wae, tekan wengi, tekan bener-bener entek dinane, tekan ganti dina, tekan wektune kudu ketemu aku maneh,  suntik.

#

Isuk-isuk aku lagi mbukaki jendhela ruanganku, kareben rada adhem. Tanpa nothok lawang kang pancen wis kabukak, dhewekke wis ngadeg ing tengah-tengahe lawang, luhe dleweran.

Suntik sekarang”

Aku gugup.

“Eh, beneran?” saiki malah aku sing rangu. Yen tenan tampa telepon utawa sms kok dleweran luhe, apa ora nampa maneh, nanging kok gelem disuntik?.

“Iya, cepetan!”. Ujare rada nyeneni aku.

“Udah?teleponnya?”

“Ayo, suntik aja..”

Aku nyuntik dhewekke, iki kapisanan dhewekke disuntik tanpa nangisi larane suntikan. Iki tangisane beda. Bola-bali pecah. Aku rada gugup. Nggoleki papan sing trep kanggi suntikan, nanging aku gemeteran weruh larane tangis gendhuk sing kawit cilik tak kenal.

#

Aku ketemu maneh saperlu menehi sawenehing obat kang kudu diombe, seminggu sakwise suntikan pertama. Nyawang guyune sing digawe-gawe malah atiku sing lara. Karo ngambung tanganku, dhewekke pamitan, arep mangkat sekolah maneh, ora pengin suwe-suwe kalah karo larane sing tak kira mesthi esih lara banget. Tak aras jilbabe sing nutupi sirahe. Tanpa rambut.

0 komentar:

Posting Komentar